Latest News

Jumat, 29 Maret 2013

Biografi Joko Widodo
























Biografi Joko Widodo

Ir. H. Joko Widodo (lair ing Surakarta, 21 Juni 1961; umur 51 taun),[3][4] inggih menika Gubernur Jakart
a ingkang "jumeneng nata" awit 15 Oktober 2012.[1] Panjenenganipun dados gubernur ka-17 ingkang ngasta ing ibukutha negari Indon�sia.[5] Panjenenganipun asring dipuntimbali kanthi asma Jokowi (cekakan saking asma Joko Widodo).[6]
Sad�r�ngipun ngasta gubernur Jakarta, panjenenganipun ngasta dados Walikutha Surakarta (Solo), Jawa Tengah ngantos kalih periodhe, inggih menika awit 2005 ngantos 2010 lan 2010 ngantos 2015.[5] Ananging nalika nemb� ngasta kalih taun ing periodhe kaping kalih menika, Jokowi pikantuk amanah saking bebrayan umum Jakarta kangg� dados pangarsaning DKI Jakarta.[5] Nalika semanten Jokowi dipuncalonaken gubernur DKI Jakarta dening Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDIP).[7] Wonten ing pancalonan kasebat, panjenenganipun dipunpasangaken kaliyan Basuki Tjahaja Purnama utawi Ahok.[7]


Sajarah asma "Jokowi"

Panjenenganipun miyos kanthi asma asli Joko Widodo.[6] Ananging nalika taksih aktif ing jagad bisnis m�bel lan kagungan tiyang ingkang tumbas saking Prancis.[6] Tiyang Prancis menika ngraos bingung, amargi nalika tumbas ing Jepara, Semarang, lan Surabaya tansah kepanggih kaliyan tiyang ingkang asmanipun Joko.[6] Nalika kepanggih kaliyan Joko Widodo ing Solo, kangge mb�ntenaken saking Joko-Joko ingkang san�s, tiyang Prancis kalawau paring timbalan Jokowi.[6]

Mangsa alit Jokowi

Miyos ing Solo, 21 Juni 1961, saking sarimbit Notomiharja lan Sujiatmi, awit alit Jokowi sampun ngraosaken gesang ingkang sarwa kirang.[6] Sareng kaliyan tiyang sepuh lan tiga sadherek �stri, Jokowi kedah pindhah griya saking satunggal pangg�nan dhateng pangg�nan san�s.[6] Pangg�nan kalawau papanipun ing sapinggiring  Amargi mboten saged tumbas griya, Notomiharjo kapeksa ndhawuhi kulawarganipun pindhah dhateng peken kajeng lan pring Gilingan, ingkang mapan ing sakidulipun lepen Kali Anyar.[6] Ing Papan menika Notomiharjo miwiti usaha sadean kajeng.[4]

Pendidikan

  • SD Negeri 111 Tirtoyoso Surakarta,[8]
  • SMP Negeri 1 Surakarta,[9]
  • SMA Negeri 6 Surakarta,[9]
  • Fakultas Kehutanan Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta lulusan 1985.[9][10]

Karir

  • Pengusaha m�bel lan pertamanan,[9]
  • Pangadeg Koperasi Pengembangan Industri Alit Solo (1990),[11]
  • Ketua Bidhang Pertambangan lan �nergi Kamar Dhagang lan Indhustri Surakarta (1992-1996),[11]
  • Ketua Asosiasi Permebelan lan Industri Kerajinan Indonesia Surakarta (2002-2007),[11]
  • Walikutha Surakarta (2005-2015)[11][12]
  • Gubernur DKI Jakarta[13]

Karir Politik

Walikutha Surakarta

Awit kathahipun pengalaman ing mangsa mudhanipun, Jokowi saged ngembangaken Solo ingkang sad�r�ngipun awon ing tatanan kutha lan man�ka panulakan saking masyarakat kangg� dipuntertibaken.[14] Jokowi saged ndadosaken Solo dados langkung sa� sa�ngga dados satunggaling kajian saking universitas mancanegari.[14]

Rebranding Solo

Branding kangge kutha Solo dipunlaksanakaken kanthi nyarujuki slogan kutha Solo "Solo: The Spirit of Java".[7][15] Tindakan saking Joko Widodo menika kalebet progresif kangge ukuran kutha-kutha ing Jawa.[7] Joko Widodo ugi saged ngrelokasi para pedhagang piranti bekas ing Taman Banjarsari kanthi lancar kangge damel fungsi panggenan taman.[7] Panjenenganipun ugi paring syarat dhateng para investor kangge purun mikiraken kapentingan publik, ngawontenaken komunikasi langsung kaliyan masyarakat.[16] Taman Balekambang, ingkang saderengipun mboten karumat, dening Jokowi dipundamel taman. Jokowi ugi mboten ajrih nulak investor ingkang mboten sarujuk kaliyan prinsip Jokowi.[13]

Ndadosaken Solo minangka "tuan rumah" Konferensi Organisasi Kutha-kutha Warisan Donya

Awit taun 2006 kapungkur kutha Surakarta sampun dados anggota Organisasi Kutha-kutha Warisan Donya.[9] Kanthi menika, ing tahun salajengipun (2007) Solo dados pangg�nan Festival Musik Dunia (FMD) ingkang dipunwontenaken ing Benteng Vastenburg.[9] Wontenipun acara menika nggadhahi misi kangg� nylametaken situs sajarah amargi b�nt�ng kasebat kaancem badh� dipunicalaken kangg� kapentingan bisnis.[9] Taun 2008, Solo dados "tuan rumah" konferensi Organisasi Kutha-kutha Warisan Donya.[9]

Ndamekaken Keraton Surakarta

Nalika tanggal 11 Juni 2004, Paku Buwono XII tilar donya tanpa paring wasiat dhateng permaisuri utawi putra mahkota, saengga wonten kadadosan konflik pamanggih antawisipun putra-putranipun PK XII, Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan (SDISKS) Paku Buwono XIII lan Kanjeng Gusti Pangeran Haryo (KGPH) Panembahan Agung Tedjowulan.[17] Sadangunipun pitung taun wonten kalih raja ingkang dipuntunjuk dening kalih pihak ing satunggal keraton.[17]

Gubernur DKI Jakarta

Joko widodo ingkang nyalonaken dhiri minangka Gubernur DKI Jakarta saged menang ing Pilkada DKI Jakarta kanthi ngliwati proses pemilu 2 putaran.[13] Nalika 15 Oktober 2012, Jokowi dipunlantik minangka Gunernur DKI Jakarta.[13]

Bebingah

Bebingah Pribadi

  • Joko Widodo kapilih minangka salah satunggalipun �10 Tokoh 2008?,[9]
  • Walikutha paling sae taun 2009,[18]
  • Bung Hatta Anticorruption Award (2010),[18]
  • Universitas Sebelas Maret Surakarta (UNS) Award,[10]
  • Charta Politica Award (2011),[18]
  • Walikutha teladan saking Kementerian Dalam Negeri (2011),[18]
  • Salah satunggal Walikutha paling sae sandonya 2012.[19]

Bebingah minangka Walikutha Solo

  • Kutha kanthi Tata Ruang paling sa� nomer 2 ing Indon�sia,[18]
  • Piala lan Piagam Citra Bhakti Abdi Negara saking Presiden Republik Indonesia (2009), kangge kinerja kutha ing babagan panyedhiaan sarana pelayanan Publik, Kabijakan Deregulasi, Panegakan Disiplin lan Pangembangan Manajemen Pelayanan,[18]
  • Piala Citra Bidang Palayanan Prima Tingkat Nasional dening Mentri Negara Pendayagunaan Aparatur Negara Republik Indonesia (2009),[18]
  • Bebingah saking Departemen Keuangan arupi dana hibah ingkang agengipun 19,2 miliar kangge nglaksanakaken parumatan keuangan ingkang sae (2009),[18]
  • Bebingah saking UNICEF kangg� Program panjagian lar� (2006),[18]
  • Indonesia Tourism Award 2009 ing Kategori Indonesia Best Destination saking Departemen Kebudayaan lan Pariwisata RI,[18]
  • Bebingah Kutha Solo minangka inkubator bisnis lan teknologi (2010) saking Asosiasi Inkubator Bisnis Indonesia (AIBI),[18]
  • Grand Award Layanan Publik ing bidhang Pendidikan (2009),[18]
  • 5 bebingah Anugerah Wahana Tata Nugraha (2006-2011) - Bebingah Tata Tertib Lalu Lintas lan Angkutan Umum,[18]
  • Bebingah Manggala Karya Bhakti Husada Arutala saking DepKes (2009),[18]
  • Kutha paling favorit Wisatawan 2010 ing Indonesia Tourism Award 2010 ingkang dipunselenggarakaken Kementerian Kebudayaan lan Pariwisata,[18]
  • Pemerintah Kutha Solo pikantuk bebingah kutha/kabupaten pengembang UMKM paling sae versi Universitas Negeri Sebelas Maret utawi UNS SME's Awards 2012,[18]
  • Bebingah saking Presidhen RI, Susilo Bambang Yudhoyono minangka salah satunggaling kutha paling sae ing bab panyelenggaraan program pangembangan mujudaken Kutha Layak Anak (KLA) 2011,[18]
  • Bebingah Langit Biru 2011 saking Kementerian Lingkungan Hidup kangge kategori Kutha kanthi kualitas hawa paling resik,[18]
  • Bebingah saking Presidhen Susilo Bambang Yudoyono ing bidhang Pelopor Inovasi Pelayanan Prima (2010).[18]
  • Bebingah Tandha Kaurmatan Bintang Jasa Utama saking Presidhen Susilo Bambang Yudhoyono.[20]  

Sumber : Wikipedia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar